Menowo wulan-wulan kapungkur biasane pingin misuh-misuh goro-goro liwat trotoar sing sempite ora karuan ditambahi proyek sumur resapan sing nggawene ora ono entheke saking suwene kuwi, sak iki trotoar ning dalan-dalan protokol wis ditoto luwih apik lan enak disawang.
Pak Ahok pancen luwih cepet tinimbang Jokowi perkoro kerjo koyo ngene. Tegas lan luwih apik kinerjane.
Mugo-mugo wae tambah akeh wong-wong saka politik sing ngaku Islam tapi gelem sinau soko Ahok. Sinau perkoro dadi pemimpin sing apik! Menowo soal agomo, ora usah dibahas. Iki bab gubernur, ora menteri agomo, opo meneh jabatan ketua MUI. Mbok yo ojo nggur ngomong ngongkon Ahok mudun sebab ora wong muslim. Ojo cuma isone demo utowo nganggo isu gubernur tandingan sing dadi badhute wong ning ngendhi-endhi. Sing penting kuwi bukti. Ora usah kakean omong, retorika. Wis bosen! Ngisin-ngisini Islam!
Wis ora usum nganggo lambang-lambang agomo ben dipercoyo. Nganggo kupluk, yo isih tegel korupsi kok buktine. Dadi nek ono wong nasrani iso mbuktikno iso kerjo luwih apik, ora usah nesu! Ngoco sik.
Dadi aku nggur iso ngekek pas krungu kyai kuwi ngritik Ahok sing dadi gubernur. Provokatip tur kurang objektip.
Mulo sampek kapan rakyat kudu nunggu ono pejabat Islam sing wani lan tegas lan resik soko korupsi koyo dene Ahok? Kapan?
Ora usah dijawab nganggo tutuk. Jawab karo tumindhak sing iso dingeti.
Leave a Reply