Isuk isuk ning kantor wis pada gremang gremeng. Opo maneh kanca-kanca kerja sing ibu-ibu kuwi. Ana loro sing durung ibu-ibu tapi ya kelakuane dadine kaya ibu-ibu. Sithik sithik ngomongno artis.
Dina iki korbane pasangan anyar Syahrini lan Reino Barack. Amarga ora tau nonton tivi opo meneh maca berita gosip ning Line Indonesia utawa tabloid Bintang, tak kiro sing jenenge Barack kuwi adhine Barack Obama, bekas presiden Amerika sing uwis diganti Donald Trump sing ora ngerti aturan kuwi. Jebule wonge beda. Ora keturunan Afrika tapi Jepang.
Lho kok aku ngerti? Sik, aku ngerti kuwi ya saka omongane kanca-kanca kerja.
Aku sampek gumun, wis ngelu urusan gawean lha kok isih ana wektu kanggo mbahas bab kaya ngene?
Gamalama salah sijine. Kancaku siji iki teka kantor wis kawanen, ora kesusu ndang mulai kerja malah mbukak hapene sing wis rada angel dienggo amarga batrene jebol sak jebol-jebole.
“Wih, deloken kuwi instagrame Syahrini an Reino Barack. Edyan tenann, saiki wani ngepos bareng bareng!!!” Jare Gamalama perkara pasangan sing paling kasuwur sakiki amarga ana drama karo Luna Maya, artis indo sing terkenal karo Ariel “Noah” sing senajan ora pathi gantheng lan dhuwur jejege ananging ndhuwe karisma kaya Janaka. Lelananging jagat lah, istilahe.
Sing liyane langsung pada nanggepi Gamalama. Contone Riya. Sanajan kayane alim tapi ngikuti perkembangane kedadean iki saka Instagram.
“Iya kuwi, mbak! Storine wis dihapus tho? Aku ya ngerti. Ya Allah, kok mesakne ya Luna Maya…,” Riya ngomentari nasipe Luna Maya sing nelangsa amarga pacare malah rabi karo Inces Syahrini sing kalah ayu saka Luna sing dhuwur, langsing, lan luwih ‘greng’. Riya ngerti Luna Maya saiki ning Mekah kanggo umroh.
“Piye kuwi nek dadi Luna Maya? Ditinggal rabi pacar sing wis limang taun,” Riya durung puas komentar.
Gamalama ora gelem kalah saka kancane sing kalem. “Nek takpikir pikir, keluargane Reino mesthi ora setuju.”
Tino sing ana ning cedhake Gamalama langsung nyamber,”Aku ya krungu saka kancaku menawa keluargane Reino isih termasuk taat. Dadine Luna ya ra bakal disetujui. Wong wis tau ‘nganu’ karo Ariel..”
Senajan aku pengin ora krungu, tetep wae krungu sebabe wong-wong iki kabeh bengok-bengok saking semangate olehe ngomongne Syahrini lan bojo anyare sing nggantheng lan sugihe pol kuwi.
Istirahat siang, Dino lan Isanto lan Gamalama ndeleng video sing lucu. Bocah cilik sing ana telu kuwi jenenge Bocah-bocah Ngapak #polapike. Sing gering lan paling ndagel jenenge Ilham. Sing gering liyane Fadhli. Siji maneh sing rada lemu jenenge Azkal.
Gamalama wis lali karo gosip Reino Barack. Nonton video Bocah Ngapak ning komputere Dino sing layare sakgedhe layar tancep ning ndeso-ndeso jaman semono, Gamalama lan kanca-kancane kuwi ngguyu mekekelen. Ora enthek enthek pokoke.
Apa meneh Dino. Menawa ngguyu wis kelangan kendali. Isa nganti kepuyuh-puyuh. Nyekel-nyekel weteng amarga mules. Sithik maneh metu sithik menawa malah. Wis wis, pancen…
Lagi ngguyu rame kaya wong edan ucul saka rumah sakit jiwa, eh ladalah kok ana imel saka Mister Endhog. Diarani kaya ngunu amarga sirahe kaya endhog pithik. Lonjong dhawa maring ndhuwur.
“Aja kakean nggluweh. Diamput, isa krungu saka kene!!!” Mister Endhog nulis kaya ngunu ning imel. Saking ora geleme mlaku metu ruangane.
Saka kedadean kuwi, taksimpulna gosipe Reino Barack lan Syahrini ora seheboh serial Bocah Ngapak sing marai wong sakkantor diamuk bose.
Rasakno kowe!
Leave a Reply