Ngene iki kahanane saben jam rolas ning kene. Kebak wong ngomongake pasangan anyar sing paling hot jaman ‘now’ #SyahReino.
Saiki bar rabi, ana maneh videone sing lagi viral. Isine mung Reino sing jare Gamalama ngguanthenge ora karu-karuan kuwi lagi ning apartemene sing gedhene ora baen-baen. Lapangan bal wae kalah.
Ning video kuwi, Reino sing model rambute jarene persis Kutaro Minami kethok lagi mamerake isi omahe sing apik, tumata, kebak karo barang-barang larang lan langka.
Asilatan sing paling apdet perkara berita perkembangan anyar Syahreino muni karo Gamalama,”Heh mbak, wis ngerti durung? Ana video anyare Reino lho. Omahe jian geudhi lan jembar banget!!! Pirang-pirang hektar. Kerathon!”
Gamalama gathel barang, ngomentari ngene:”Yo pantes, netijen kuwi ngomong, pantes gelem dilamar karo Reino. Lha wong sugihe kaya ngono…!”
Wong-wong sak ruangan langsung ngrubuti.
Ora lanang, ora wadon, tetep pengen ngerti.